Kamis, 21 Januari 2010

kadonyan


Pitudúh : # 92
Båndhå kang rêsík iku båndhå kang såkå nyambút karyå lan såkå pamêtu séjéné kang ora ngrusakaké liyan.
Déné båndhå kang ora rêsík iku båndhå cólóngan utåwå såkå nêmu
duwèkíng liyan kang kawruhan síng duwé.
Pitudúh : # 93
Kadonyan kang ålå iku atêgês múng ngångså-ångså golèk båndhå donyå ora mikiraké kiwå têngêné, ugå ora mikiraké kahanan batín.
Pitudúh : # 94
Golèk båndhå iku samadyå baé, udinên katêntrêman njåbå njêro.
Pitudúh : # 95 Båndhå iku anané múng anèng donyå, mula yèn mati ora digåwå.
Pitudúh : # 96
Wóng golèk kêmakmuran iku ora kalêbu ngoyak kadonyan.
Pitudúh : # 97
Båndhå iku gawé múlyå lan ugå gawé cilåkå.
Gawé múlya lamún såkå barang kang bêcík, gawé cilåkå lamún såkå barang kang ålå.
Pitudúh : # 98
Wóng uríp åjå tansah kêpingín båndhå baé, jalaran kasugihan iku ing samångså-mångså biså gawé cilåkå.
Pitudúh : # 99 Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang lamún ånå owahing jaman.
Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå bandhané.
Pitudúh : # 100
Dhèk jaman kunå pêrang iku rêbutan båndhå, nêgårå, lan mbóyóng putri. Nangíng jaman iku ilang barêng wís ngêrti mênåwå wanitå bóyóngan mau biså gawé ringkihíng nagårå.
Wêwalêr : # 101
Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé.
Wêwalêr : # 102
Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan råjåbrånå lan wanita iku biså gawé congkrahíng pårå sujånå lan gawé nisthaníng ati.
Wêwalêr : # 103
Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
Wêwalêr : # 104 Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå napsu margå akèh bandhané. Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng mêsthi båndhå kang rêsík.








silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More