Kamis, 21 Januari 2010

Wataké Prabót Pawukón lan Wêtónan 03 (Båså Jåwå)

É. Wårigå Gêmêt
Watêké pétungan dinå minångkå prabóté pawukón kåyå síng diandharaké iku dikarêpaké kanggo mangêrtèni watêkíng dinå ing pétúng pawukón kang disêbút Warigå Gêmêt.
Kanthi nggabúngaké watêkíng pétúngpétung dinå iku biså disumurupi anané dinå kang bêcík lan ålå mênåwå kanggo pakaryan, utåwå kanggo mangêrtèni watêkíng manungså síng kêlaír ing dinå kasêbút.
Anangíng pétúng pawukón múng kanggo pandóm garís bêsaré.
Bakuné pådhå dimangêrtèni mênåwå kanggoné pangêrtèn Jåwå, kahanan ing sabên dinané iku tansah owah gingsír.
Owah gingsiré kahanan iku sabdå dhawuhing Gústi kang nitahaké alam sêmèsta iki. Klêbu sunatullah munggúh ing pangêrtèn Islam.
Têgêsé Warigå Gêmêt iku kêsimpulan ålå bêcikíng siji-sijiníng dinå ing saubêngan wuku.
Cacahé ånå 210 dinå.
Sabên siji-sijiníng dinå ing sajroné saubêngan wuku duwé watak ålå utawa bêcík (rahayu).
Carané nêmtókaké ålå bêcikíng dinå nganggo nggabúngaké kabèh watak-wataké prabót Pawukón lan Wêtónan kang wís diaturaké.
Mênåwå bakal kanggo ngadani pakaryan gêdhé kåyådéné duwé gawé lan sapanunggalané pêrlu digatèkaké sirikan-sirikan kasêbút ing ngisór iki
Dinå pênanggalan:
01. Dinå pétungan 7 (Saptåwårå),
kabèh dianggêp bêcik ora ånå síng disirík.
02. Dina Pasaran (Påncåwårå),
kabèh ora ånå síng disirík.
03. Dinå Paringkêlan (Sadwårå),
síng disirík siji paringkêlan Aryang.
Dinå kang dudu pênanggalan:
01. Dinå Padéwan (Aståwårå), síng disirík siji : padéwan Kålå.
02. Dina Padangón (Sångåwårå), síng disirík siji : padangón Wurúng.
Prabóté Pawukón Bincilan (pétúng nêptu):
Pancasudå ånå 7 warnå, kang disirík 3, yaiku :
01. Satriyå Wirang,
02. Bumi Kapêtak, lan
03. Lêbu Katiyúb Angín.
Rakam
ånå 6 warnå, sing disirík 3, yaiku :
01. Kålå Tinantang,
02. Dêmang Kandhuruwan, lan
03. Nuju Pati.
Paarasan
ånå 10 warnå, síng disirík 2, yaiku :
01. Aras Tudíng lan
02. Aras Pêpêt.
Prabóté Pawukón Luluri:
01. Tali Wangké, ånå 6 disirík kabèh.
02. Sampar Wangké, ånå 5 disirík kabèh.
03. Sarik Agúng, ånå 4 disirík kabèh.
04. Kala Dhité, ånå 3 disirík kabèh.
05. Dhêndhan Kukudan, ånå 3 urut-urutan disirík kabèh.
06. Séngkan Turunan, ånå 10 síng disirík 5, yåiku :
01. Asu Ajag Tumurún,
02. Sapi Gumarang Tumurún,
03. Cèlèng Dêmalúng Tumurún,
04. Kuthilapas Sumêngkå, lan
05. Srigati Sumêngkå.
Warigå Gêmêt (kêsimpulan ålå bêcikíng dinå), katúr ing kutipan Primbón Pawukón.
Warigå Gêmêt lumrahé isíh diganêpi nganggo watón-watón liyané nalikané golèk dinå bêcik kanggo sawijiníng kapêrluwan.
Jalaran manút panêmuné wóng Jåwå pancèn ånå watón-watón síng kudu diênggóni tumrapíng sasi, tanggal, lan dinå.
Sasi :
1. Siji-sijiníng sasi iku ånå sing dianggêp bêcík kanggo kêpêrluwan.
2. Siji-sijiníng sasi ånå dina sing diarani “sangar” lan “larangan”
sing pêrlu disirík.
3. Sasi kang ora ånå dinané Anggårå Kasíh (Sêlåså Kliwón) bêciké
disirík.
Tanggal:
1. Ånå tanggal sabên sadhêngah sasi síng dianggêp ålå kanggo
kapêrluwan.
2. Ånå tanggal na’as lan bangas síng pêrlu disirík.
Dinå:
1. Dinå lan pasaran síng padha karo dinå lan pasaran wiwitaning
tahún bêciké disirík.
2. Dinå lan pasaran síng pådhå karo dinå lan pasaran pungkasaníng
tahún bêciké disirík.
3. Dinå lan pasaran kang pådhå karo dinå lan pasaran tanggal 3 Surå
bêciké disirík.
Panampané sabên wóng marang anané Wariga Gêmêt ingkang nêngêri dinå ålå lan bêcík ora pådhå.
Biså pêrcåyå biså ora.
Ånå síng nganggêp kabèh dinå bêcík ora pêrlu wêdi mênåwå arêp nindakaké åpå baé.
Nangíng kanggoné pangêrtèn Jawa síng gêgayutan antarané Jagad Gêdhé lan Jagad cilík, ora biså mênåwå nggêgampang kang kåyå mangkono.
Mbédakaké ålå bêcík, bênêr lupút lan luhúr asór wís kaparingaké Gústi marang titah manungså.
Måså iyå ora digunakaké kanggo mangêrtèni kahanan ålå lan bêcikíng wêktu?
Babagan nêmtókaké watak lan laku jantrníng uripé manungsa nganggo pétúng wuku lan wêtón ugå akèh kang nganggêp ómóng kósóng.
Panganggêp kang kåyå mangkono iku mêsthi mêtu såkå tutuké wóng kang ora nduwèni kêsadaran kósmís.
Lali mênawa uripé mapan manggón ånå ing bumi kang múng sapérangan cilík såkå jagad råyå.
Salaginé marang posisiné dhéwé nèng donyå baé lali, åpå manèh dikóngkón mbêciki liyané. Uripé múng kanggo awaké dhéwé.
Salaginé ubêngé bumi síng ndadèkaké awan lan bêngi baé wís ånå pêngaruhé marang kabèh tumitah uríp.
Klêbu manungså kang lumrahé yèn awan mêlèk bênginé turu.
Måså iyå bisa maido anané pêngarúh owah gingsiré aurora alam marang watak lan panguripané manungså?
Pawukón lan Wêtónan dudu karangan síng ngawúr lan ngåyåwårå.
Nangíng mujudaké kawrúh utåwå ngèlmu mangêrtèni owah gingsiré aura lan aurora (médan kósmís) alam sêmèsta.
Sawijiníng ngèlmu karyå ciptané lêluhúr Jåwå kang sipat univêrsal.
Biså ditrapaké ing papan ngêndi baé anggêré isíh ånå ing planèt bumi.
Ugå bisa dianggo “sêpanjang jaman’. Éman bangêt mênåwå wóng Jåwå ora gêlêm nyinau lan nguri-uri.






silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More