Kamis, 21 Januari 2010

Sengkalan



Tembung “sengkalan” asalé saka tembung “saka” lan “kala”
Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu.
Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitan\é tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 masèhi.
Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn unèn kang nduwèni teges angkaning taun.
Jaman biyèn kang kanggo pétungan ing Tanah Jawa taun Saka.
Nanging saiki ana kang migunakaké taun rembulan, yaiku kang pétungan sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”.
Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, diarani: “Suryasengkala”
Adhedhasar wujud lan dhapukané, sengkalan ana warna loro;
1. Sengkalan lamba,
yaiku sengkalan kang awujud kumpulaning tembung utawa wujud
ukara.
2. Sengkalan memet,
yaiku sengkalan kang awujud gegambaran utawa pepethan.

Mungguh carané nyurasa utawa maca sengkalan iku kawiwitan saka ékané, banjur dasan, yèn ana atusan lan éwoné.
Tuladha :          Rupa sirna retuning rumi
Rupa    = 1 (ékan)
sirna     = 0 (dasan)
retu      = 6 (atusan)
bumi    = 1 (éwon)       dadi taun : 1601

Mungguh carané nggoléki aji utawa wataking tembung miturut Candra Sangkala karangané Ki Bratakésawa, kena migunakaké wewaton sawetara, yaiku:
1. Guru Dasa nama,
Tembung tembung kang padha tegesé dianggep padha ajiné.
Tembung: ratu, naréndra, nata, katong, pamasé, aji, iki kabèh watak
siji.
2. Guru sastra,
Tembung tembung kang sastrané utawa panulisé padha, ajining uga
padha.
Tembung: êsthi, kang ateges gajah, èsthi kang ateges sedya utawa
pikir ajiné padha yaiku: wolu.
3. Guru wanda,
Tembung tembung nduwèni wanda kang padha, ajiné dianggep padha.
Tembung: wanita, ajiné padha karo tembung wani, tembung buja ajiné
padha karo tembung bujana, lsp.
4. Guru warga,
Tembung tembung kang mratélakaké jeneng kang nunggal bangsa
utawa warga, ajiné padha, kayata: ula, baya, bulus, tekèk, cecak,
kadhal iku kabèh kalebu kéwan ingkang rumangkang, dadi padha
ajiné, yaiku: wolu.
5. Guru karya,
Tanduking sawijining tembung, kaanggep padha ajiné karo tembung
iku.
Kayata : tangan ajiné padha karo nyekel, mripat padha ajiné karo
tembung ndeleng utama mandeng, lsp.
6. Guru sarana,
Jenengé piranti kang kanggo nindakaké sawijining kriyané, kaanggep
padha ajiné karo tembung iku.   
Kayata : ilat karo rasa, padha ajiné yaiku nenem.
7. Guru darwa,
Tembung kaanan, kaanggep padha ajiné karo tembung kang
kadunungan kaanan iku.
Kayata : tembung galak padha ajiné karo tembung danawa, bentèr
padha karo latu, lsp.
8. Guru Jarwa,
Tembung tembung kang jarwané padha utawa mèh padha ajine uga
padha.
Tembung rasa padha karo raras, basu padha karo sawer, lsp.

Tembung tembung kang dianggep nduwèni watak utawa ajining wilangan :
I. Kang awatak siji.
1. Tembung tembung kang cacahé mung siji:
nabi, wudel, bumi, buntut, iku, sirah, ratu, aji, nata, wiji, ati, tyas,
badan, lsp.
2. Tembung tembung araning barang kang wanguné bunder:
rembulan, bumi, jagad, rupa, srengéngé, rai, lèk, candra, wulan, lsp.
3. Tembung tembung kang ateges siji:
tunggal, éka, iji, juga, lsp.
4. Tembung tembung liyane:
urip, gusti, janma, kenya, prawan, nyata, putra, sunu, lsp.
II. Kang awatak  loro:
1. Tembung tembung kang cacahé loro:
mripat, kuping, tangan, asta, suku, dresthi, buja, athi athi, swiwi,
lsp.
2. Tembung tembung kang nuduhaké kriyané tembung ing ndhuwur:
ndeleng, ngrungu, ndulu, nembah, myat, lsp.
3. Tembung tembung kang teges loro:
dwi, kalih, lsp.
4. Tembung tembung liyané:
gandhèng, kanthi, kanthèt, lsp.
III. Kang awatak telu:
1. Kang nduwèni sesipatan telu:
geni, bahni, pawaka, siking, dahana, anala, utawaka, puji, lsp.
2. Tembung tembung kang kanggo wanda tri utawa teges telu:
mantri, tiga, hantelu, lsp.
3. Tembung tembung: ula, lintah, ujel, welut, nalincing, lir, kaya,
wignya, wrin, guna, kukus, panas, lsp.
IV. Kang Awatak papat:
1. Bangsané banyu utawa kang ngemu banyu:
hèr, sindang, suci, tirta, wédang, bun, udan, sagara, waudadi,
jalanidhi, bening, nadi, sumber, sumur, wasuh, lsp.
2. Tembung kang ateges papat, catur, pat, lsp.
3. Tembung kang ateges gawé: karta, karya, kirti, lsp.
V. Kang awatak lima:
1. Araning barang kang cacah lima: indri, indriya, dhawa, lsp.
2. Bangsané buta: danawa, jaksa, diyu, wil, raseksa, lsp.
3. Bangsané gegaman: panah, warajang, bana, sara, lsp.
4. Bangsané angin: bayu, samirana, maruta, anila, sindung, lsp.
5. Tembung tembung liyané: wisikan, wisaya, pancawara, lungit,
landhep, galak, lsp.
6. Tembung kang teges lima: gangsal, panca, lsp.
VI. Kang awatak enem:
1. Tembung tembung kang mratélakaké rasa: pedhes, amla, kecut,
tikta, pait, kyasa, gurih, dura, asin, legi, lsp.
2. Tembung tembung kang nduwèni sipat kang gegayuhan tembung
tembung ing ndhuwur : gendhis, gula, uyah, lsp.
3. Tembung tembung jeneng kéwan kang asikil enem: tawon, bramara,
kombang, anggang anggang semut, lsp.
4. Tembung tembung liyané: raras, retu, ojag, obah, prabatang,
wayang, sedhih, ilat, kilat, lsp.
VII. Kang awatak pitu:
1. Bangsané kang amaratapa: wiku, biksu, resi, dwija, dhita,
yogiswara, muni, suyati.
2. Dasanamané jaran: kuda, wajik, aswa, turangga, lsp.
3. Dasanamané gunung: ardi, prawata, giri, ancala, wukir, lsp.
4. Tembung tembung liyané: angsa, gora, swara, wulang, weling,
sabda, suka, lsp.
VIII. Kang awatak wolu:
1. Tembung tembung kang kagolong kéwan rumangkang: baya, bajul,
slira, menyawak, tanu, bunglon, murti, basu, tekèk, cecak, ula, naga,
bujangga, taksaka, lsp.
2. Dasnananing gajah: dwipangga, liman, èsthi, dirada, matengga,
kunjara, lsp.
3. Tembung tembung liyané: samadya, brahman, manggala, lsp.
IX. Kang awatak sanga:
1. Barang barang kang wujudé bolong: gapura, guwa, dwara, wiwara,
gatra, wilasita, rong, trusta, trusthi, song, babahan, lsp.
2. Tembung tembung liyané: ganda muka, butul, déwa, ambuka,
wangi, lsp.
X. Kang awatak sapuluh utawa das:
1. Yaiku tembung tembung kang ngemu teges ora ana utawa suwung:
sunya, boma, gegana, wijat, nir, tanpa, ilang, mletik, sirna, musna,
adoh, antariksa, rusak, luhur, dhuwur, muksa, ngumbara, muluk,
mumbul, das, awang awang, angles, méntar, oncat, asat, surut,
sempal, tumenga, mesat, lsp.

A. Sengkalan Lamba.
Kang diarani sengkalan lamba yaiku sengkalan kang awujud ukara
utawa kumpulaning tembung, sengkalan lamba kang akèh tinemu ing
layang layang.
Ana manèh kang tinemu ing yayasan, pasareyan, padusan, gapura, lsp.
Tuladha:
1. Yama sunya surya = taun 1202.
2. Sapta yana surya = taun 1217.
3. Indu bana dwi rupa = taun 1254.
4. Dwi gaya rawi = taun 1282.
5. Dwara adri pana indu = taun 1279.
6. Sanga kuda cuddha candrama = taun 1079.
Tinemu ing layang Bharatayudha – Mpu sedhah – Mpu Panuluh.
7. Panerus tingal tataning nabi = tahun 1529
Tinemu ing layang Suluk Wujil – Sunan Bonang.
B. Sengkala Memet.
1. Ing Tratagrambat kraton Ngayohyakarta sisih lor ana gambar tawon
cacahé lima lan slira (menyawak) siji, iku kena diwaca :
Panca gana salira tunggal = taun 1865.
2. Ing magangan kraton Ngayogyakarta, ana pepethan wujud ula naga
loro, pethité padha pepuletan, iku kena diwaca: Dwi naga ngrasa
tunggal = tahun 1682.
3. Ing kratosn Surakarta ana pepethan naga kang ditumpaki manungsa,
iku kena diwaca: Naga muluk tinitihan janma = taun 1708.
Ana uga warana kang digawé saka walulang kebo kang direngga
rengga, iku kena diwaca: Walulang kebo siji utawa Wolu ilang
kebo siji = taun 1708
4. Ana pepethan wujdé bunderan pepindhaning jagad kang dicekeli
déning buta cacahé telu, iku kena diwaca : Buta telu ngojag jagad
utawa Tri jaksa ngojag buwana = taun 1635.
5. Ana gegambaran wujud sula cacahé telu lan ing tengah ana gambar
kembang, iku kena diwaca : Tri sula kembang lata = taun 1953,
C. Pangrakiting ukara.
Tembung sapada kudu kaangkah mujudaké ukara wutuh, isi pangertèn
ganep.
Aja nganti wujud ukara kang durung rampung.
Manawa gatra wekasan isih kudu disambung ukara ing pada candhaké
ana ing rasa ora kepénak.
Tembung kang becik, saben sagatra kudu mengku surasa wutuh, lan
rakitaning gatra siji lan sijiné dalem tembang sapada, mengku
isi wutuh.
Manawa arep ngarang tembang sadurungé prelu ngélingi prakara
prakara kang prelu,
Kayata:
1. Prelu migatèkaké dasanamaning tembung tembung.
Upama tembung: ratu iku duwé dasanama: katong, nata, narpati,
pamasé, dhatu, raja, aji, lsp.
Iku prelu banget kanggo nemtokaké tibaning swara ing
pungkasaning gatra.
2. Kena ngowahi susunaning ukara, lumrah kasebut baliswara.
Tuladha : Anoman sampun malumpat, diowahi: Anoman malumpat
sampun.
3. Kena ngowahi swara, kayata:
brangta     dadi karti
prapta       dadi prapti
brangta     dadi brangti
marang     dadi maring
dipati        dadi dipatya, lsp.

Kanggo ngoyak guru wilangan:
1. Kena ngulur utawa ngungkret wanda:
sru            dadi asru
prang        dadi perang
tan            dadi datan
trus           dadi terus
lumaku      dadi mlaku
gelebyar   dadi glebyar
kerelip      dadi krelip
sinerang   dadi sinrang, lsp.
2. Kena mancah tembung:
puniku      dadi niku
pijer         dadi jer
déné         dadi dé
ingkang    dadi kang
3. Kena nggarba tembung loro utawa luwih:
ana            + ing    dadi anèng
lagi           + antuk dadi lagyantuk
kadya        + iku dadi kadyèku
sira           + arsa dadi sirarsa.








silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More