Kamis, 21 Januari 2010

Wataké Prabót Pawukón lan Wêtónan 01 (Båså Jåwå)


A. Wataké Dinå Pênanggalan

Salah sijiníng kanyatan síng tan biså disélaki, mênåwå uríp iku dipanggónaké ånå ing alam (tata surya). 
Luwíh khusus manèh ånå ing donya (planèt bumi). Saénggå kanthi mangkono owah gingsiré kahanan ing planèt bumi kagawa såkå laku jantraníng alam sêmèsta mêsthi ånå pêngaruhé marang tataníng uríp lan panguripané titah.
Owah gingsiré kahanan ing bumi yå såkå kadayan déníng dinamikané alam sêmèsta (Sunatullah).
Jåwå nduwèni kawrúh kanggo mangêrtèni owah gingsiré kahanan sabên wêktu kang sabanjuré ditêngêri kanthi mènèhi watêkíng wêktu utåwå disêbút ciriwanci.
Ciriwanci mono dhasaré såkå owah-owahané médan kósmís kang dumadi ing sabên wêktu.
Êmbúh kêpriyé biyèn-biyèné pårå winasís lêluhúr Jåwå bisané nêmókaké ciriwanci-ciriwanci kasêbút.
Biså ugå krånå mangêrtèni sawabé såkå prabaníng (médan kósmís) kabèh kang gumêlar ing jagad (bênda angkasa) marang kahanané planèt bumi.
Saénggå biså dikawruhi pêngaruhé marang watak lan nasibé manungså kang lair manút wuku lan wêtóné.
Månggå sêsarêngan disêtitèkaké paringé watak wêktu (ciriwanci) kasêbút ing ngisór iki.
A. Wataké Dinå Pênanggalan Padinan (dinå pétúng 7):
1. Akad = Radhité (Srêngéngé),
sasmitå båså kawiné : Mawi såtå kadaluwarså waluyålåyå,
têgêsé: Wóng lêlungan kalungsé ing taún mulih mati.
Watêké : ajêg, madhangi, panas, mêrbawani, nguripi.
2. Sênèn = Soma (Rêmbulan),
sasmitå båså kawiné : Waktrå kanisanri nétrå awindé budåyå,
têgêsé: Mukå kélangan mripat ngélingi budi.
Watêké : owah gingsír, éndah gawé sêngsêm.
3. Sêlåså = Anggårå (Gêni),
sasmitå båså kawiné: Séwå ritayé sogatå babanggånå urå,
têgêsé : Sakabat kélangan guru pancabakah dadi urå.
Watêké : mangalad-alad panas, mbêsmi.
4. Rêbo = Buddhå (Bumi),
sasmitå båså kawiné: Sakathanirå darukipangirå dalayún,
têgêsé : Pêdhati tanpå kusír pangiringé salèwèngan.
Watêké : mómót, antêng, nrimå.
5. Kêmís = Wrahaspati/Rèspati (Gêlap/Thathít),
sasmitå båså kawiné: Mamingkå rênggadikårå karanånyå tunå,
têgêsé :Wóng ninggal pagawèn baku iku dadi dalané 
atunan. 
Watêké : gawé girís.
6. Jumuwah = Sukrå (Banyu/Udan),
sasmitå båså kawiné : Katènti nuti jugayå múrkå ma dúrhåkå,
têgêsé : Anuruti karså iku múrkå.
Watêké : awèh kasêgêran lan kasuburan, mbandhang
samubarang.
7. Saptu = Saniscårå (Angín),
sasmitå båså kawiné: Samadi måså såyå lano palaksånå,
têgêsé: Sêmaya mangsané têkan jangji têtêp kêlakón.
Watêké: Sumilír sêgêr nangíng nggåwå lêlårå.

Pasaran (dinå pétúng 5):
Pårå lêluhúr biyèn anggóné maringi têngêr watak Pasaran nganggo pasêmón wujúd têmbúng utåwå ukara ngêmu suråså.
Ugå nganggo pasêmón wataké kéwan. Kanthi mangkono anggóné biså mêruhi watak wantuné Pasaran kudu biså nyuråså têmbúng lan ngirå-irå watak wantuné kéwan síng dianggo nyêmóni:
1. Kliwón,
ukårå pasêmóné: wiså martå dúrjånå têngah, ånå bêciké lan ånå alané, pintêr micårå, titís panitèné marang ålå lan bêcík.
Pasêmón watakíng kéwan : munyúk lan asu.
Wataké munyúk: dhêmên pènèkan, galak ora biså tutút, såbå dharatan / kêkayón / banyu, sênajan wís dipakani isíh gêlêm nyakót lan ngiwi-iwi sing makani, ora kênå dicêdhaki lan dibêciki.
Wataké asu : sêtiyå tuhu marang bêndarané nanging crobo pangané, nalaré ajêg sukåwiryå, gêdhé kêkarêpané, akèh slamêt lan pujiné.
2. Lêgi,
ukårå pasêmóné : sumêndhi ngibaraté Ratu utawa Bupati, mêngku, sagúh, lêgå, pradhah.
Pasêmón watakíng kéwan : kucíng lan tikús.
Wataké kucíng : awas, tutút, bungah atiné tan duwé sanggarunggi, bilahiné dipaékå, sawisé dipaékå lagi mêtu curigané, biså amór sugíh lan mlarat.
Wataké tikús : yèn bêngi mêlèk, awas, akèh pangati-atiné,
bingúng atiné såkå awaké dhéwé, sathithík pangané, mandi cakótané,  samubarang síng dicakót gêlís mati, nitèni panggawé ålå lan bêcik, sêríng diwisåyå (disalahi) liyan, gêdhé bêgjané nangíng yå gêdhé bilahiné.
3. Pahíng,
pasêmóné têmbúng : cêndhånå, mélikan barang, pradhah, têmêné muríh misíl (éntúk bathi/untúng).
Pasêmón watakíng kéwan: macan.
Wataké macan : adóh sabané, lunggúh dhéwé, arang mangané (wani luwé) kêjåbå yèn dadi ingón- ingóné ratu, akèh satruné, yèn didhisiki (dijalari) mbilahèni, yèn ndhisiki ora dadi åpå, yèn duwé gêgaman rêsikan, nêpsuné
såkå wóng wadón, kêrêp diapusi, barangé kang ilang arang kang biså bali.
4. Pón,
ukårå pasêmóné : samahita lakuníng Nabi budiné tutút, pituturé akèh digugu, nguthúh.
Pasêmón watakíng kéwan : wêdhús.
Wataké wêdhús: sabané ora adóh, síng dipangan tanduran
têgêsé múng duwèké dhéwé, asríng muríng-muríng marang
bojo lan anak batihé, nalaré kuwúr, sênêng bijikan (bêrík), wani marang síng ngingu, yèn wani ora kênå dipênggak, sêdhêng kayané.
5. Wagé,
ukårå pasêmóné : prabuanóm lakuníng dhandhang, singgíh nangíng angkúh.
Pasêmón watakíng kéwan : sapi.
Wataké sapi : tutút sakarêpé síng ngêrèh dadi, pangané kudu diingoni, dhoso, yèn dipêcút sók ngamúk, sabarang tinubrúk, sêthithík amburu pangan, yèn mêmangan lali wóng tuwå lan sanak sêduluré, pêtêng pikiré, asríng kênå
pitênah.
Paringkêlan (dinå pétúng 6):
1. Tunglé (ujungan, gódhóng), watêké : sagúh lan kumbi.
2. Aryang (tiyang, uwóng), watêké: lalèn.
3. Warukúng (kéwan), watêké : lénå.
4. Paningrón (iwak lóh), watêké : kênå apús.
5. Uwas (manúk), watêké : takabúr.
6. Mawulu (wiji), watêké: ngirå-irå.









silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More