Kamis, 21 Januari 2010

Pawukón - Wêtónan lan Warigagêmêt (Båså Jåwå)






Pênanggalan gêdhé bangêt kagunané ing falsafah uripé wóng Jåwå, ora múng kanggo ngêrtèni wêktu, nangíng ugå ånå pêngaruhé marang tåtå uríp lan panguripané manungså.
Panganggêp síng mangkono pancèn klêbu nalar, jalaran tåtå uríp lan panguripané manungså manggón ing planèt bumi.
Kanyatané planèt bumi iku ora mênêng antêng, nangíng mubêng anút jantrané, saénggå adhêpé marang srêngéngé mahanani anané awan (rainå) lan wêngi.
Kêjåbå mubêng pribadi, bumi ugå lumaku ngubêngi srêngéngé síng mahanani étungan taún.
Sêmono ugå rêmbulan rak yå ngubêngi bumi anút jantrané.
Têrus tåtå-surya ing ngêndi planèt bumi manggón, bêbarêngan lumaku manút jantrané.
Lumakuné kabèh kang ing ngangkåså cêthå mênåwå sabên wêktu ndadèkaké owah-owahan adhêpé siji lan sijiné.
Owah-owahan adhêp iku síng banjúr dititèni lan digolèki (diobsèrvasi) sawabé (pêngaruhé) marang tataníng uríp lan panguripané manungså.
Anané têngêr utawa jênêng dinå, pasaran, wuku lan sapituruté yaiku kanggo mbédak-mbédakaké pêngaruhé sawijiníng wêktu marang tåtå uríp lan panguripan.
Déné dhasar pamikiré, mênåwå sabên wêktu kahanan "médan kosmís” sêmèsta alam kang nglingkupi planèt bumi owah gingsír kanthi dinamís.
Sabên owah-owahan médan kosmís ånå dåyå pangaribawané dhéwé-dhéwé marang isiníng donyå (planèt bumi).
Pangaribawané ora múng ing tåtå lair wujúd gilír gumantiné mångså (iklím) , nangíng ugå marang kahanan kosmís kang ånå pêngaruhé marang tumitah uríp síng manggón ing donyå (planèt bumi).
Krånå pamêsu budiné pårå lêluhúr Jåwå ing jaman biyèn, banjúr biså paríng pandóm (pêdoman) munggúh sawabé (pêngaruhé) wêktu marang tåtå uríp lan panguripané manungså.
Pêngaruhé wêktu marang tåtå uríp lan panguripané manungså diarani Kawruh Pawukón lan Wêtónan.
Pangêrtèn mangkéné iki pancèn ora gampang ditåmpå.
Nangíng mênåwå kêrså mênggalíh síng jêro, kanyatané mênåwå manungså karo Gusti Kang Múrbèng Dumadi dipapanaké ånå ing planèt bumi síng múng pérangan cilík såkå anané Jagad Raya iki.
Lha rak yå nalar mênåwå kahanan owah gingsiré (dinamikané) Jagad Raya iki ånå dåyå pangaribawané marang uripé manungsa?
Pawukón lan Wêtónan ing bêbrayan Jåwå baku bangêt, amargå tansah ajêg umuré.
Bédå karo Pênanggalan (sasi lan taún) síng ånå owah-owahan umuré.
Pawukón lan Wêtónan ora pêduli karo owah-owahan, tansah ajêg.
- 1 dinå = 24 jam,
- 1 wuku = 7 dinå wiwít Ngahad (Akad) têkan Saptu.
- Saubêngan (sak dór) wuku ånå 210 dinå.
Sabên dinå ing étungan wuku ngêmót pêpak sawêrnané étungan dinå:
1). Padinan (ubêngan dinå cacah 7),
2). Pasaran (ubêngan dinå cacah 5), lan
3). Paringkêlan (ubêngan dinå cacah 6).
Wóndéné gunané Pawukón lan Wêtónan ora mung kanggo nêmtókaké wêktu, nangíng ugå digunakaké:
1. Kanggo nyumurupi ålå lan bêciké wêktu tumrap wóng síng
arêp duwé pêrlu, kåyådéné: mantu, supitan, ngêdêgaké
omah, pindhahan, lêlungan adóh, lan liyå-liyané.
2. Kanggo nyumurupi watêk lan kadhar nasibé siji-sijiníng
pawóngan miturút wêktu lairé.
Biså diarani kayadéné astrologi utawa horoscoop, andharané dåwå lan muyêk bangêt.
Kanggo nyumurupi kapêrluwan róng pêrkårå iku, Pawukón lan Wêtónan dipêpaki manèh prabóté.
Kêjåbå ingkang wujúd arané wêktu (Padinan, Pasaran, lan Paringkêlan), uga ditambahi étungan ubêngan dinå kang dudu pênanggalan, yaiku kang disêbút :
01. Padéwan (ubêngan dinå cacah 8) lan
02. Padangón (ubêngan dinå cacah 9).
Ubêngan dina wêrna loro iki dudu pênanggalan, nangíng dibutúhaké kanggo mangêrtèni watakíng dinå.
Mula anggóné nglêbókaké ing étungan Pawukón lan Wêtónan kang cacahé 210 dinå, dijumbúhaké karo watakíng wuku.
Kanggo mangêrtèni watakíng dina isíh ånå tambahan prabóté Pawukón lan Wêtónan:
1. Pétúng Bincilan, cacahé ånå 3:
1). Bincíl Påncåsudå,
2). Bincíl Rakam, lan
3). Bincíl Paarasan.
2. Luluri, cacahé ånå 6 :
1). Sampar Wangké,
2). Taliwangké,
3). Sarík Agúng,
4). Kaladhité,
5). Dhêndhan Kukudan, lan
6). Séngkan Turunan.
Såkå kabèh prabóté wuku kang ånå, siji-sijiné diwènèhi watak.
Kanthi nggabúngaké kabèh watakíng Prabót Pawukón mau banjúr biså ditêmtókaké watak siji-sijiné dinå ing dalêm saubêngan Pawukón lan Wêtónan ingkang disêbút Warigå Gêmêt.
Ånå ing Bali kang nyatané uga ‘tunggal pêradaban” karo Jåwå, Warigå Gêmêt iku disêbút Pêwarigaan.








silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More