Kamis, 21 Januari 2010

Wataké Prabót Pawukón lan Wêtónan 02 (Båså Jåwå)

01. Wataké Dina Dudu Pênanggalan
1. Sri, watêké : wêlasan lan kinasihan.
2. Indrå, watêké: nastiti, angkúh, sugíh kawrúh.
3. Guru, watêké sinêbå, angganjar, lèmèr mblubút.
4. Yåmå, watêké : lumúh, agúng maklumé.
5. Rudrå, watêké: galak, sangar mêrbawani.
6. Bråmå, watêké: panasbaran (kêras lan gampang nêsu).
7. Kålå, watêké : candhålå, múrkå, góróh.
8. Umå, watêké : wêlasan, susah, jail.
02. Padangón (dina pétúng 9):
1. Dangu têgêsé watu, watêké: mênêng, cublúk, abót, atós.
2. Jagúr têgêsé macan, watêké: galak, awas, luwês, roså.
3. Gigís têgêsé bumi, watêké : jêmbar, ngrêkså, mómót.
4. Kérangan têgêsé srêngéngé, watêké : kêras, titi, ajêg, ngawruhi
ålå lan bêcík, padhang.
5. Nohan têgêsé rêmbulan, watêké : sukå bungah lan sêngsêm,  
wêlasan, kênå pitênah.
6. Wogan têgêsé ulêr, watêké : mugên, antêpan.
7. Tulús têgêsé banyu, watêké : têmên, rosa, jêmbar, diérami,
lêmbút pangarahé.
8. Wurúng têgêsé gêni, watêké : panasbaran ing sabarang karêpé.
9. Dadi têgêsé kayu, watêké: luhúr lumúh kaungkulan.
Prabót Pawukón lan Wêtónan Bincilan
Bincíl utawå bincilan ugå pétungan dinå nangíng dudu pétungan
wêktu.
Amargå bincíl ora ngétúng pirang dinå lawasé utåwå tibå dinå åpå.
Bincíl iku milah - milah ålå bêciké dinå srånå mènèhi kêrtåaji
marang dinå lan pasaran.
Digunggúng têrús dipårå pirå lan malang utåwå turahé pirå, tiba
unèn-unèn åpå.
Gunggungé kêrtåaji dinå lan pasaran diarani nêptu.
Wóndéné jinisíng pétungan bincíl akèh, sêmono ugå unèn-unèn
pralambangé ugå wêrnå - wêrnå.
Síng kaaturaké múng síng wis kalumrah dimót ing buku primbón lan
unèn unèné wís pådhå dikawruhi wóng akèh.
03. Bincíl Påncåsuda
Kanggo ngétúng Bincíl Påncåsudå, dinå lan pasaran diwènèhi
kêrtåaji:
Dinå :
01. Akad = 6,
02. Sênèn = 4,
03. Sêlåså = 3,
04. Rêbo = 6,
05. Kêmís = 5,
06. Jumuwah = 7,
07. Saptu = 8.
Pasaran :
01. Kliwón = 8,
02. Lêgi = 5,
03. Pahíng = 9,
04. Pón = 7,
05. Wagé = 4
Gunggúng kêrtåaji dinå lan pasaran têrús dipårå 7, mênåwå:
01. Turah 1, - Waséså Sêgårå :
sugíh pangapurå, pradhah, jêmbar budiné, mrêbawani.
02. Turah 2,  - Tunggak Sêmi :
lumintu rêjêkiné.
03. Turah 3, - Satriyå Wibåwå :
nåmpå kamulyan lan kaluhuran.
04. Turah 4, - Sumúr Sinåbå :
sugíh kawrúh biså dadi pangungsèn lan diguróni.
05. Turah 5, - Satriyå Wirang :
tansah nêmu pakéwúh lan kêwirangan.
06. Turah 6,  - Bumi Kapêtak :
tabêri nyambút gawé, kuwat nandhang gêlå lan lårå låpå,
rêsikan, putungan ati.
07. Pêrsís 0, - Lêbu Katiyúb Angín :
nandhang susah lan sial, síng digayúh ora kêlakón, angèl bisané
kêklumpúk.
04. Bincíl Rakam
Pangétungé Bincíl Rakam nganggo mènèhi kêrtåaji dinå lan pasaran:
Dinå :
01. Ahad = 3,
02. Sênèn = 4,
03. Sêlåså = 5,
04. Rêbo = 6,
05. Kêmís = 7,
06. Jumuwah = 1,
07. Saptu = 2.
Pasaran  :
01. Kliwón = 1,
02. Lêgi = 2,
03. Pahíng = 3,
04. Pón = 4,
05. Wagé = 5.
Gunggúng kêrtåajiné dina lan pasaran dipårå 6, mênåwå:
01. Turah 1, -  Kålå Tinantang :
kadúk wani, akèh mungsuhé
02. Turah 2, - Dêmang Kandhuruwan :
ngiringaké dhahuru, sênêng gawé pêrkårå.
03. Turah 3, - Sanggar Waringín :
ngayómi.
04. Turah 4, - Mantri Sinarojå :
bêgjå tan mulyå.
05. Turah 5, - Macan Katawan :
nêlangså, susah nangíng kêcukupan.
06. Pêrsís 0, -  Nuju Pati :
apês, nangíng nduwèni kawigatèn ing babagan kêbatinan
05. Bincíl Parasan
Pangétungé nganggo mènèhi kêrtåaji dinå lan pasaran:
Dinå :
01. Akad = 5,
02. Sênèn = 4,
03. Sêlåså = 3,
04. Rêbo = 7,
05. Kêmis = 8,
06. Jemuwah = 6,
07. Setu = 9
Pasaran :
01. Kliwón = 8,
02. Lêgi = 5,
03. Pahíng = 9,
04. Pón = 7,
05. Wagé = 4.
Gunggúng kêrtåajiné dinå lan pasaran dipårå 10, mênåwå:
01. Turah 1, - Aras Tudíng :
tansah kêtiban sampúr ing samubarang åpå baé.
02. Turah 2, - Aras Kêmbang :
nduwèni “pêsona / dåyå tarík” tumrap lawan jênís.
03. Turah 3, - Lakuníng Lintang :
lumúh sêpi mandhitå mlarat.
04. Turah 4, - Lakuníng Rêmbulan :
gawé sêngsêm lan rêsêp.
05. Turah 5, - Lakuníng Srêngéngé :
padhang sêmbådå mrêbawani
06. Turah 6, - Lakuníng Banyu :
adhêm, lomå, gampang rêjêkiné.
07. Turah 7, - Lakuníng Bumi :
mêngku, mómót, ngêmóng.
08. Turah 8, - Lakuníng Gêni :
panasbaran.
09. Turah 9,  - Lakuníng Angin :
pintêr gawé sênêng nangíng ugå mêdèni yèn nêsu.
10. Pêrsís 0, - Aras Pêpêt :
sial, apês, angèl rêjêkiné, landhêp panggraitané
Prabót Luluri
Diarani luluri jalaran kawruhé ora nganggo ngétúng.
Múng såkå asilíng nitèni siji-sijiníng dinå sajroné 210 dinå, pådhå
karo saubêngan wuku (30 minggu).
Mbókmênåwå baé biyèn-biyèné pårå lêluhúr múng ndhasaraké såkå
pêngalaman.
Sênajan mangkono, kanyatané isíh disêtitèkaké bangêt déníng pårå-
pårå kang mumpuni ing babagan pawukón lan wêtónan.
Jinisíng Prabót Pawukón Luluri mangkéné:
06. TaliWangké
Têgêsé nalèni wangké (mayít, bathang).
Wataké ing dinå iku akèh bêbåyå kang gêdhé.
Munggúh ing wataké manungså : mbrêngkélé lan nylêkít ómóngané
saénggå gampang gawé prêkårå lan påncåkårå.
Cacahé ånå 6 :
01. Sênèn ing wuku Wuyé,
02. Sêlåså ing wuku Wayang,
03. Rêbo ing wuku Landhêp,
04. Kêmís ing wuku Warigalit,
05. Jumuwah ing wuku Kuningan,
06. Saptu ing wuku Kuruwêlut.
07. Sampar Wangké
Nyampar wangké (mayít, bathang).
Wataké ing dinå iku akèh nêmóni kasusahan kang ora ngêpénakaké ati.
Munggúh kanggo wataké manungså : asríng nêmóni kasusahan kang
ora kanyånå-nyånå.
Cacahé ånå 5 :
01. Sênèn ing wuku Sintå,
02. Sênèn ing wuku Warigalít,
03. Sênèn ing wuku Langkír,
04. Sênèn ing wuku Tambír,
05. Sênèn ing wuku Bålå.
08. Sarik Agúng
Têgêsé sirikan gêdhé.
Wataké ing dinå iku kudu disirík, kåyådéné wêwalêr (larangan).
Munggúh kanggo wataké manungså: angèl srawúng karo wóng liyå.
Cacahé ånå 4:
01. Rêbo ing wuku Kurantíl,
02. Rêbo ing wuku Galungan,
03. Rêbo ing wuku Marakèh,
04. Rêbo ing wuku Bålå.
09. Kålå Dhité
Têgêsé bêbåyå kang ngênggóni dinå Akad (Radhité).
Wataké ing dinå iku akèh sambékålå.
Munggúh kanggo wataké manungså: nduwèni watak wantu sênêng
nyusahaké liyan.
Cacahé ånå 3:
01. Akad ing wuku Warigagúng,
02. Akad ing wuku Kuruwêlút,
03. Akad ing wuku Dhukút.
10. Dhêndhan Kukudan
Têgêsé anané dhêndhå kang bisa marakaké kukúd ludhês.
Wataké ing dinå iku akèh kang kadhêndhå lan kukúd ing 
samubarangé.
Munggúh kanggo wataké manungså : nduwèni watak sênêng mêrês
marang liyan.
Cacahé ånå 3 urut-urutan :
01. Akad,
02. Sênèn,
03. Sêlasa kabèh ing wuku Galungan.
11. Séngkan Turunan
Têgêsé sumêngkå (lunga)-né lan tumurún (tumêka)-né kahanan ålå
bêciké dinå manút wêrnané Séngkan Turunan iku.
Cacahé wêrnå 5, ing sajroné 30 dinå siji-sijiné sumêngkå sêpisan
tumurún sêpisan, ajêg lêt 15 dinå.
Kanthi mêngkono sumêngka lan tumuruné mêsthi pådhå pasarané.
Ing sajroné saubêngan wuku (210 dina) siji-sijiné sumêngkå kapíng
7, tumurún kapíng 7 mangkéné
1. Asu Ajag
Pralambang kahanan bêbåyå marang kasarasan lan kaslamêtané
jiwå rågå.
Mênåwå sumêngkå atêgês bêbayané wis lungå, kanggo wataké
manungså : bisa kasinungan mrantasi bêbåyå.
Mênåwå tumurún bêbayané iku tumêkå, kanggo wataké manungså :
kanthi ora sêngåjå nuwúhaké bêbåyå marang liyané.
Sumêngka ing dinå : pasaran Paíng paringkêlan Mawulu
Tumurún ing dinå : pasaran Paíng paringkêlan Wurukúng
2. Sapi Gumarang
Pralambang dåyå kabirahèn.
Mênåwå sumêngkå kahanan ing dinå iku lêsu lungkrah, munggúh
kanggo wataké manungså : kurang nduwèni grêgêt ing kabirahèn.
Mênåwå tumurún kahanan ing dinå iku nyêngsêmaké lan
gawé sêmangat, munggúh kanggo wataké manungså: gêdhé
kabirahèné.
Sumêngkå ing dinå : pasaran Pón paringkêlan Paningrón
Tumurún ing dinå pasaran Pón paringkêlan Tunglé
3. Cèlèng Dêmalúng
Pralambang anané gangguwan wóng golèk rêjêki sandhang pangan.
Mênåwå sumêngkå kahanan dinå iku slamêt tulús kanggo golèk
rêjêki sandhang pangan, kanggoné wataké manungså :
tansah gampang sandhang pangané ora ånå síng ngrêribêti.
Mênåwå tumurún kahanan ing dinå iku akèh sambékålå kanggo
golék rêjêki sandhang pangan, mênåwå kanggo wataké manungså:
anggoné golèk rêjêki sandang pangan tansah nêmu rubédå.
Sumêngka ing dinå pasaran Wagé paringkêlan Tunglé.
Tumurún ing dina : pasaran Wagé paringkêlan Paningrón
4. Kuthilapas
Pralambang kahanan kang gumyak nyênêngaké nangíng asríng
salah kêdadèn dadi ribút.
Mênåwå sumêngkå kahanan ing dinå iku ayêm têntrêm sêpi,
munggúh kanggo wataké manungså : angèl srawúng nangíng ya ora
nåtå ngrusuhi liyan.
Mênåwå tumurún kahanan ing dinå iku gumyak nangíng akèh 
kêdadéyan sêlíng surúp, munggúh kanggo wataké manungså :
akèh kancané nangíng ugå asríng diganggu karo mitrå kancané iku.
Sumêngka ing dinå: pasaran Kliwón paringkêlan Uwas
Tumurún ing dinå : pasaran Kliwón paringkêlan Aryang
5. Sri (Srigati)
Pralambang larang murahé rêjêki lan kabêgjan.
Mênåwå sumêngka kahanan ing dinå iku larang rêjêki lan akèh
kapitunan, munggúh kanggo wataké manungså : angèl rêjêkiné lan
tansah sial.
Mênåwå tumurún kahanan ing dinå iku akèh rêjêki lan kabêgjan,
munggúh kanggo wataké manungså : gampang rêjêki lan bêgjané.
Sumêngkå ing dinå : pasaran Lêgi paringkêlan Warukúng
Tumurún ing dinå : (pasaran, paringkêlan, dinå 7)
1. Lêgi Mawulu Ngahad tumurún ing taman
2. Lêgi Mawulu Sênèn tumurún ing pawón
3. Lêgi Mawulu Sêlåså tumurún ing kandhang
4. Lêgi Mawulu Rêbo tumurún ing paturón
5. Lêgi Mawulu Kêmís tumurún ing lumbúng
6. Lêgi Mawulu Jumuwah tumurún ing pêdaringan
7. Lêgi Mawulu Saptu tumurún ing lêsúng







silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More