Kamis, 21 Januari 2010

memayu hayuning tekad



Pitudúh : # 164 Yèn gêlêm nalusuri sêjatiné ora sêthithík piwulang lan pitutúr bêcík kang malah kitå tampå såkå wong-wong gawané nacad lan ora dhêmên marang kitå, katimbang mitrå katrúh rakêt kang tansah ngalêmbånå.
Awít panacad bisa nggugah kita nglêmpêngaké laku, déné pangalêmbånå kêpårå biså nyêbabaké wong kêrêp dadi lali.
Pitudúh : # 165
Manåwå kowé durúng mangêrtèni marang bab kang kok anggêp ora bêcík, åjå kêsusu ngatonaké råså sêngítmu, gêdhéné nganti maoni lan nglairaké panacad.
Awít kawruhana yèn pikirané manungså iku tansah mobah-mosík lan molak-malík.
Åpå kang kok kirå ålå lan kok gêthingi iku ing têmbé mburi biså malíh kok sênêngi, kêpårå malah biså dadi gantungané urípmu.
Pitudúh : # 166
Karêpé wong nyatúr alaníng liyan iku bêtèké múng arêp nudúhaké bêciké awaké dhéwé. Yèn síng diajak nyatúr wong kêmplo, pamríh síng kåyå mangkono mêsthi katêkané. Nangíng tumrapíng wong múrsíd : "Wong kang ngumbah rêrêgêd ing awaké sarånå migunakaké banyu pêcêrèn malah såyå nudúhaké blêntongé pambêgané".
Pitudúh : # 167
Têmbúng kang prayoga kang kêlair múng margå kadêrêng déníng dayaníng håwå napsu iku pancèn sakålå iku biså awèh råså pêmarêm.
Nangíng sawisé iku bakal awèh råså gêtún lan panutúh marang dhiri pribadiné dhéwé kang satêmah tansah bisa ngrubédå marang katêntrêmaníng pikír lan ati.
Gunêman sêthithík nagíng mêmikír akèh iku kang tumrapé manungså bisa awèh katêntrêman lan kråså marêm kang gêdhé dhéwé.
Pitudúh : # 168
Siji-sijiníng dalan amríh kalêksananíng gêgayuhan, yåiku makarti kang sinartan kêpêrcayaan lan kêyakinan mênåwå åpå kang sinêdya mêsthi dadi.
Yèn kita múng kandhêg ing gagasan lan kukuhíng karêp baé, tanpå tumandang lan makaryå minangkå srånå panêbusé, wohé yå ora bédå kåyå déné ing pangimpèn. Cilakané manèh, yèn sêlaginé nganggít-anggít mau wís kasêlak ngrasakaké kanikmatané ing pangangên-angên, wusanané dadi lumúh ing gawé lan wêdi ing kakéwúh (wêdi kangèlan).
Pitudúh : # 169
Ora bédå karo rob lan surudíng sêgårå, kahanan uripíng manungså iku ugå ora biså uwal såkå bungah lan susah.
Kang pêrlu dicilêngi ing kéné yåiku åjå kasêlak kêbacút kêrêm kalimpút ing kabungahan lan åjå kasêlak gampang anglês yèn lagi kapinujon apês.
Awít kasusahan iku sok malah bisa ngêntas kitå såkå kaluputan lan kabodhowan, saugêr insyap marang dhiriné lan ora mupús, åpådéné tansah pêrcåyå marang Kang Kagungan Panguwaos.
Pitudúh : # 170
Mênangi jaman rêbutan råjåbrånå, akèh wong kang pådhå kalimpút, mèlu-mèlu tumindhak nisthå.
Ora élíng yèn sêjatiníng uríp ing donyå iku ora ngupåyå råjåbrånå baé, nangíng ugå mangèsthi kamúlyan ing têmbé.
Uríp ing satêngahíng godhå rêncånå, nangíng têtêp tumindak utåmå, prêsasat tåpå ing satêngahíng cobå. Såpå kang santosa ora bakal tumindak sasar.
Mula tansah ngugêmana sêbutíng pitutúr : "Sabêgjå-bêgjané kang lali nganti kèlu pênggawé sasar, isíh bêgjå kang panggah élíng lan waspådå têtêp ing panggawé utåmå".
Pitudúh : # 171
Yèn sirå kasinungan ngèlmu kang marakaké akèh wong sênêng, åjå sirå malah rumångså pintêr, jalaran mênawa Gústi Allah mundhút bali ngèlmu kang marakaké sirå kalokå mau, sira banjúr kåyå wong séjé (owah), malah bisa "Aji godhong jati akíng".
Pitudúh : # 172 Såpå kang katrêm mêrgå lagi pinaringan kêkuwasaan iku sêjatiné malah dadi sumbêríng dunungíng wong lali, gampang lirwå ing kaprayitnan, lan gampang kapilulu ing pakarti dudu.
Awit yèn lagi kuwåså, adhakané banjúr ngångså-ångså kêgêdhèn panjångkå.
Kanggo nggayúh panjangkané, sakèhíng cårå ditêmpúh.
Ora maèlu sênadyan nganti mêntålå gawé sangsarané mitrå karúh. satêmah múng dadi lêlêthêg kang luwíh aji uwúh.
Pitudúh : # 173 Ilat kuwi sawijiníng pêdhang kang landhêp, kang bisa matèni sênajan tanpå ngêtokaké gêtíh.
Pitudúh : # 174 Ora ånå critané wóng kêjungkél iku margå kêsandhúng watu gêdhé, síng mêsthi mêrgå kêsandhúng watu síng cilík.
Yèn tatuwå yå margå såkå watu krikíl-krikíl síng lancíp-lancíp.
Bab mau awèh pitudúh supåyå kitå åjå nyêpèlèkaké marang barang síng katóné sêpélé ora mingsrå, nagíng sêjatiné kêpårå malah gampang dadi dhadhakané wóng njungkêl njêmpalík tibå ing påpå.
Pitudúh : # 175 Wóng sugíh síng lumúh kélangan bandhané nadyan kanggo kêpêrluwané dhéwé iku ora liya sababé margå tansah kuwatír yèn dhèwèké tibå ing kêmlaratan.
Nangíng ora ngêrtiya yèn dhèwèké ing wêktu iku sêjatiné wis pådhå karo wóng mlarat. Uripé kêpårå luwíh sangsårå katimbang wóng kêsrakat, kang batiné tansah ora narimakaké marang adilíng Kang Múrbèng Dumadi.
Pitudúh : # 176 Dêrêng nêdyå pamèr utawa riyå iku têrkadhang munculé dadakan kåyå-kåyå tanpå rinåså ing nalikå kitå pinuju sêsrawungan karo wóng liyå.
Mulå prayogå kita tansah waspådå ngêndhalèni dhiri.
Déné kang kinaran dêrêng utåwå nafsu sênêng pamèr kang gampang dinêlêng lan sinêksèn déníng wóng liyå iku aran riyå kang pratélå (cêthå), utåwå ngêdhêng.
Bêcík kitå singkiri.
Wóndéné dêrêng sajróníng laku panêmbah, arang kang disumurupi wóng liya.
Luwíh-luwíh yèn lagi kapinuju ånå ing papan kang sêpi.
Sók ngonowa élinga, yèn Gústi Allah iku tansah ngudanèni.
Pitudúh : # 177 Kabèh salakuné (tumindaké) wóng bodho iku ésthiné nggawé híkmah lan piwulang bêcík tumrapíng wóng kang ahli budi.
Awít såkå samubarang kang ora bêcík kang dilakoni wóng bodho déníng pårå ahli budi banjúr kari ngêmóhi lan dadi pandóming uríp kang pêrlu disiriki lan disingkiri.
Suwaliké wóng bodho sungkan nyuplík lêlakón bêcík kang dialami pårå ahli budi.
Mulå ora jênêng aèng yèn akèh pårå bodho síng uripé têtêp kasurang - surang lan pårå ahli budi kang tansah rahayu ing uripé.
Pitudúh : # 178 Åjå sók rumangsa tinitah apês nganti gawé pêpêsíng sêmangatmu.
Malah prayogå dinarimå marang åpå kang wis sirå tampå såkå kanugrahaning Gústi Kang Maha Kuwåså.
Awít ngélingånå mênåwå ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwíh cacad tinimbang sirå, suprandéné dhèwèké babar pisan ora kawêtu nutúh marang Gústi Allah. Kang mangkono mau ora liyå margå såkå kandêlé imané lan yakín marang kêadilaníng Pangéran Kang Måhå Kuwåså marang sakabèhíng lêlakón kang dumadi ing jagad raya iki.
Pitudúh : # 179 Ngalêmbånå lan panacad iku pådhå baé panindaké. Liré, tarikané napas pådhå, kêdalíng ilat pådhå lan obahíng lambé yå pådhå.
Sók ngonowa najan rêkasané utåwå gampangé pådhå, nangíng olèh-olèhané utåwå wóhé síng ora pådhå.
Ing ngadat kêjåbå sók adóh sungsaté, ugå malah sêríng kósók balèn.
Sing siji biså ngrakêtaké pasêduluran sijiné pådhå baé karo golèk dadakan nandúr råså mêmungsuhan.
Pitudúh : # 180 Åjå ndarbèni pêpinginan dadi wóng kang linuwíh kang ngandhut idham-idhaman supåyå sarêmbúgé diandêlå wóng akèh.
Luwíh prayogå tansah njågå baé barang rêmbúgira kanthi bêcík, patitís lan maédahi. Karo manèh tindak tandúk kang ngrêsêpaké, luwíh-luwíh kang bisa awèh paédah marang wóng liyå iku ajiné ngungkuli sakèhíng pitutur kang ndhakík-ndhakík nangíng kang durúng kabuktèn ånå ing panindak.
Mulå kuwi tansah udinên amríh wêtuníng rêmbúg "Kêplók lumah kurêpé" karo tindakirå.
Pitudúh : # 181 Kang kinaran manungså winasís yåiku wóng kang wís kaconggah mbênêraké tindak kang mlèncèng.
Déné asór-asóring budiné manungså iku ora kåyå wóng kang mlèncèngaké tindak kang wús bênêr.
Adaté sipat kåyå mangkéné iki thukúl margå kasurúng déníng ati drêngki srèi.
Kamångkå såpå kang ngadani ati drêngki lan panastèn iyå ing wêktu iku dhèwèké wiwít nyikså ing awaké dhéwé, lan uripé ora bakal bisa têntrêm.
Pitudúh : # 182 Samangsané kowé diclatu wóng kanthi sêngak åjå kók walês sanalika kanthi têmbúng (rêmbúg) kang sêngak lan atós.
Prayogå tanggapana måwå pakarti kang alús lan sarèh.
Jêr, yå klawan laku kang kåyå mangkono iku, kowé bisa ngêndhakaké watakkang panasbaran, lan bisa ngasóraké sipat kang lagi kasinungan iblís.
Pitudúh : # 183 Ing ngêndi dunungé pamarêm lan katêntrêman ?
Sakíng ungêlé mapanaké råså, nganti mèh ora ånå wóng rumångså marêm lan têntrêm uripé.
Sabanjuré banjúr kêpiyé ? Iyå kudu tlatèn ngolah budi.
Dóh ånå råså mèri lan drêngki amríh gorèhing pikír bisa tansah sumingkír.
Pitudúh : # 184
Têpå slirå lan mawas dhiri iku dadi óbóríng laku nggayúh rahayu, minångkå jimat paripíh tumraping ngauríp.
Munggahé biså nyêdhakaké råså asih lan ngêdóhaké watak drêngki lan dak-wênang marang sapêpadhané.
Srêgêp mawas dhiri atêgês bakal wêrúh marang kêkurangan lan cacadé dhéwé, saénggå wusanané thukúl grêgêd ndandani murih apiké.
Pitudúh : # 185
Kita iki kêjåbå ndarbèni badan wadhag lan pancadriya, ånå siji êngkas darbèk kitå kang ora kênå ginrayang lan ora kasat måtå, nangíng ajiné tan kênå kinåyå ngåpå, yåiku osikíng ati kang ajêg ngélikaké kita marang lurusing laku samångså kita kêtaman plêtikíng cípta ålå, munggahé katuwúhan krêntêg nindakaké laku ngiwå.
Mulå pomå-pomå, tansah bisowå ngrungókaké osikíng atimu, awít iku kang ngajak sapari-polahmu tumuju mênyang karahayóning urípmu.
Pitudúh : # 186
Nggayúh kaluhuran mono atêgês ngupåyå tataraníng uríp kang luwíh dhuwúr.
Yå dhuwúr ing bab lahiré, ugå ing batiné. Liré, síng murakabi kanggo dhiri pribadiné, sumrambahé tumrap bêbrayan agúng.
Såpå kang múng mligi nggayúh kaluhuraning lahír baé, atêgês múng mburu drajat, sêmat lan pangkat. Durúng aran jêjêg uripé.
Suprandéné såpå kang múng ngêmúngaké kaluhuraníng batín, atêgês ora nuhóni jêjêríng manungså ing alam donya, yaiku tumandang ing gawé.
Pitudúh : # 187
Akèh wóng kang sadurungé nyobå ngayahi pagawéyan wís dipantók dhisík sarånå têmbúng "Ah, aku ora biså".
Dayaning têmbúng "Ora biså" satêmah numusi ora biså têmênan.
Awít êntèk-êntèkané pocap mangkono iku atêgês ngapêsaké awaké dhéwé.
Luwíh déné manéh banjúr lumúh ing pambudi.
Samubarang kang diudi ora bakal dadi.
Kang ora diluru tangèh bisané kêtêmu.
Mulå pêrcåyåå marang dhiri pribadi.
Cíptanên kanthi manthêng ing ati lan énggal makartiyå.
Kêkuwataning manungså iku dumunúng sajroníng cíptå, saugêr sinartanan pamarsudi klawan têmên-têmên.
Dayaníng ciptå cêtha bakal nêkakaké sêdyå.
Pitudúh : # 188
Aja sók nggrêsulå !, Wruhana yèn pangrêsulå iku sawijiníng målå, déné panggrêsah mono agawé bubrah.
Yèn wís nggrêsah padatané banjúr lali marang kêwajibané kang kudu diayahi sartå kêmba marang sadhêngah pakaryan.
Síng såpå ésúk-ésúk wís sambat ngaru-årå ing bab ngrêkasané anggóné uríp, wóng mau prêsasat mbutóni sumbêríng pangupå-jiwané dhéwé.
Ora trimå marang pandúm pêparingé Pangéran Kang Múrbèng Dumadi.
Pitudúh : # 189
Yèn kowé kêpingín mulyå urípmu, lakónan åpå kang kók gagas-gagas rikalané kowé nandhang sêngsårå utåwå lårå.
Awít ing mångså-mångså kåyå mangkono mau manungså banjúr kêtuwuhan budiné kang murni, yåiku watak kang sarwå kêbak wêlas-asíh lan ngêrti sêpirå pêrluné wóng kang tansah ambudi amríh åjå nganti nêmóni kacingkrangan.
Pitudúh : # 190
Wóng kang wís kinaran "suksès" iku, yaiku : wóng kang wís ngêtóg kadibdyané, ngudidåyå nganti kêcandhak gêgayuhan lan idham-idhamané laras karo kêpinginané.
Têkané "suksès" durúng atêgês tamatíng critå, nanging malah kudu tansah luwíh waspådå, prayítnå lan ngati-ati.
Jalaran adhakané wóng síng wís "suksès" iku banjúr kurang kaprayítnané, sêmbrånå lan gumampang ing sabarang tumindaké, kang lupút sêmbiré biså klênggak.
Mulå sawijiníng "suksès" iku anggêpan kayadéné sawijiníng pandadaran kanggo lêstariníng pênggayúh bêcík.
Pitudúh : # 191
Sabên wóng mono pancèn nduwèni nafsu.
Awít tanpå nafsu wóng ora bakal duwé krêkat kêpéngín maju.
Múng baé wóng kudu biså milah-milahaké nafsu êndi síng kudu dicandhêt, lan nafsu síng kêpriyé síng kudu diunggar.
Nafsu kang bakal nêkakaké bilahi tumraping awaké dhéwé lan wóng liyå kudu biså dicandhét, déné nafsu kang pêrlu diunggar yåiku nafsu kang êmpané tumuju marang karahayóníng sapådhå-pådhå.
Pitudúh : # 192
Hukúm alam wís nêtêpaké, såpå kang nandúr mêsthi ngundhúh.
Déné åpå kang diundhúh iya manut wijiné kang ditandúr.
Yèn síng ditandúr winíh alang-alang, ing têmbé iya åjå ngarêp-arêp yèn bisa bakal panèn pari, iku gênah nyalahi kodrat.
Mulå mumpúng isíh ésúk, nandura wiji cíptå lan pênggawé kang bêcík-bêcík.
Awít élingånå, yèn akèh sêthithík anak putu kita ugå bakal katut mèlu ngrasakaké paít gêtiré wóng kang bibité ditandúr déníng wóng tuwané.
Pitudúh : # 193

Såpå síng duwé panjångkå kudu wani jumangkah, jêr katêkaníng sêdyå iku múng biså maujúd mênåwå dilakóni lan ora nyimpang såkå katékadané.
Karêp lan sêdyå, jångkå lan panuwún, iku saumpama wóng lêlungan mono tumuju papan kang arêp diparani utåwå dijujúg.
Déné kêkarêpan iku kudu ånå kanthiné, yåiku nalar utåwå pêcahíng nalar. Jalaran kêkarêpan kang tanpå nalar iku ora bédå karo karêpé bocah cilík. Kêjåbå tanpå têgês, ugå sók tanpå wasånå, satêmah ora ånå dadiné.

Pitudúh : # 194
Sêbab-sêbab kang gawé cilikíng ati lan cêklèkíng sêmangat iku adhakané dumunúng ing gêgambarané pikiran kang sarwå nguwatiraké marang lêlakón kang durúng kêlakón, têmahané pikiran dadi pêtêng, lumúh ihtiyar lan kóncadan grêgêtíng makaryå.
Katimbang nyumêlangaké barang kang durúng biså ginrayang rak luwih bêcík åjå pêgat ing ihtiyar kanthi nênuwún marang sihíng Kang Múrbèng Kuwasa, jêr iyå múng Panjênêngané kang múrbawaséså uríp kitå iki.
Klawan mangkono istingarah kowé ora bakal ngédhap ngadhêpi sakèhíng lêlakón.
Pitudúh : # 195
Kêrêp nggrêsah lan ngrêsulå iku nudúhaké karingkihané tékad. sênajan dingrêsulanan sêdinå píng pitulikúr, ora biså owah nasibé.
Nggrêsah lan ngrêsulå iku pådhå karo sambat.
Wóng sambat iku kênå baé, nangíng yèn isíh kêdugå åjå dhêmên sambat.
Ngrêsulå biså dadi målå, panggrêsah biså gawé bubrah, déné pisambat iku dalané wóng kang sênêng mlarat, jalaran sakèhíng gêgayuhan kang disangkani sarånå sambat mono adaté múng gayúk-gayúk tunå, åpå kang digayúh tanpå ånå kabúl wusanané.
Pitudúh : # 196 Dhasar prêmati tumraping wóng duwé tékad lan duwé gêgayuhan yaiku tékad budi santoså.
Sarana ndulu kåcåmåtå bênggålå kang kitå alami sabên dinå, têtêg kawêgigané pikír baé ora mujúdaké gaman pamungkas tumrap kasêmbadaníng sêdyå.
Mulå yèn múng ngêndêlaké marang punjúlíng nalar lan móncèríng kawrúh baé, tanpå mêngkóni ing budi santoså, atiné gampang miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak sêsóngaran síng adhakané síng uwís-uwís banjúr kacênthók påncåbåyå, ubayané banjúr mbalénjani.
Pitudúh : # 197 Ora ånå tindak kang luwíh déníng mbêbayani lan ndrawasi marang awaké dhéwé, kêjåbå nindakaké pégawéyan kanthi srêmpêng síng juntrúngé múng ngoyak dêrêngé panguwåså, drajad lan båndhå.
Pakarti mangkono adaté ora mêmpan marang pitutúr bêcík lan panêmuné liyan kang wigati, anané múng råså mélík kang nggéndhóng lali.
Pitudúh : # 198 Siji-sijiníng margå amríh kalêksanané gêgayuhan iku yå kudu sarånå makarti.
Yèn kitå múng kandhêg marang ngunggar-unggar karêp lan nganggít-anggít gagasan baé, tibaníng ênggón múng kåyå ing pangimpèn.
Luwíh-luwíh mênåwå salaginé nggagas-nggagas mau kasêlak kêsusu ngrasakaké kanikmatané pêngangên-angên, wusånå tumús dadi lumúh ing gawé lan wêdi ing pakéwúh.
Pitudúh : # 199 Ngakóni kaluputan iku ora atêgês ngasóraké dhiri.
Nangíng sawijiníng tåndhå yêkti yèn wóng mau wís biså kinaranan maju satindak ing laku kautaman.
Kósókbaliné såpå kang suthík ngrumangsani kaluputané, atêgês wóng kang ora nduwèni budi pêkêrti.
Wóng kang ora nduwèni donyå brånå iku sinêbut mlarat.
Wóng kang ora nduwèni pikiran iku luwíh mlarat.
Déné wóng síng ora kadunungan budi pêkêrti mono klêbu mlarat-mlaraté wóng.
Pitudúh : # 200 Kang kók kandhakaké putíh iku durúng karuwan putihíng (suciníng) ati, biså ugå múng wujúd putihíng pupúr síng kandêl waråtå.
Lan síng kók kandhakaké abang iku durúng tinamtu abangíng (kêkêndêlaníng) bêbênêr nangíng biså ugå múng abangé lambé kang kêcónggah njlómpróngaké marang jurang kang jêro.
Déné síng kók kandhakaké rêsík, iku durúng mêsthi rêsikíng ati, nanging adaté múng wujúd rêsikíng sandhangan rinênggå ing sotyå abyór kang biså mblêrêngaké mripat.
Pitudúh : # 201 Ngunggar wêtuníng kêkêndêlan síng múng kadêrêng såkå dayaníng pangójók-ójók iku kêrêp ora murni.
Tandang lan trajangé kang akèh banjúr múng kabróngót panasbaran.
Wusanané malah sók bakal nunjang palang, bêbathéné kósók balèn karo kang sinêdyå. Mulå minångkå gêgóndhèlané kapitayan, kêkêndêlan iku prayoga kadhasarana råså sumungkêm marang Kang Múrbèng Dumadi, niyat lêladi marang sapêpadhané titah.
Yèn wís mangkono sakèhíng cak-cakané pakarti mêsthi tansah patitís lan mikolèhi.
Pitudúh : # 202 Têtêpíng råså kamanungsan iku ora margå såkå kawrúh lan kapíntêran kang wís dianggêp luwíh luhúr ing salumahé bumi, nangíng múng jalar såkå kadunungan têlêsíng råså asíh marang sapêpadhaning tumitah.
Déné råså åsíh mau ciniptå såkå patrap anggóné rêkså-rumêkså lan sugíh ing pangapurå sartå tansah kinanthênan pangucap lan pasêmón síng bisa gawé rêsêp lan ora natóni atiníng liyan.
Kawruhånå, mênåwå kapintêran kang ora kinanthènan kautaman iku sêjatiné luwíh mbêbayani tumrapíng bêbrayan katimbang karo bodho kang linambaran ing budi rahayu.
Pitudúh : # 203 Nglêngkårå wóng biså luwar babar pisan såkå panggodhå.
Sêbab, sumbêré panggodhå iku ora liyå iyå múng såkå awaké dhéwé. Sing såpå múng nyingkiri panggodha kang kasat måtå baé, ora dibêdhól têkan óyód-óyódé, adhakané bakal kêtaman pakéwúh lan godhå kang luwíh gêdhé manèh.
Sók ngonowå yèn wóng tlatèn lan sarèh, kanthi kêncêngíng tékad kang gilíg, mêsthi bakal bisa mêntas såkå rêridhu.
Åjå múng mandhêg ing panggrantês, nutúh awaké dhéwé, åpå manèh yèn nganti nguman-uman marang wóng liyå.
Pitudúh : # 204 Yèn ing donyå iki manungsané síng sugíh uripé ora mbêthithil, kêpårå malah dhêmên têtulúng marang kang kêcingkrangan, déné sing duwé kêpintéran adóh såkå karêp kanggo mintêri liyan, kêpårå malah dadi papan jujugané wóng têtakón, gênah kahanané donyå bakal ayêm têntrêm, adóh såkå rêridhu lan kalís såkå godha rêncånå.
Pitudúh : # 205 Wóng kang lagi karêjêkèn åjå kadúk anggóné bungah, kósókbaliné åjå kadúk nêlångså samangsané nêmahi rêribêd lan nandhang susah, gêdhéné nganti nggêtuni barang kang wís kêlakón.
Awít kadúk bungah mau bakal ngilangi kaprayítnan, kadúk susah njalari ati tansah kêmbå, lan tangèh lamún bisa uwal yèn ora dibudèni sarånå tumandang makaryå.
Pitudúh : # 206
Yèn darbé karêp lakónana kanthi gêmblèngíng tékad kang nyawiji, adhêpånå sarånå makarti kang madhêp lan mantêp.
Sanguné kudu ati síng tatag, ora ngêdhap nadyan mangêrti yèn dalan kang diambah kêbak parang curi.
Yèn tansah rongèh lan rangu-rangu, atêgês múng wani ing gampang, wêdi ing pakéwúh, samubarang kang sinêdyå ora bakal ginayúh.
Pitudúh : # 207
Manungså iku bisa kinaranan uríp yèn isíh duwé karêp lan pangarêp-arêp.
Nangíng yèn karêp mau múng kandhêg ing pangangên-angên lan gagasan baé, ora bédå manungsa kang mati sajroné uríp.
Kósókbaliné yèn anggóné nandangi karêpé mau kasêlak kêsusu nikmati pikolèhé kang durúng klakón, gênah anggóné makarti múng anggêr baé.
Kêpårå bakal mundúr yèn ngadhêpi pakéwúh, satêmah dadi wóng lumúh.
Pitudúh : # 208 Wóng kang kêbak déníng pêpinginan iku adaté banjúr ngångså-ångså, mulå lakuné ugå banjúr miyar-miyur.
Kêpêngkók gawé sêthithík baé síng digêdhèkaké pangrêsulané, tundhóné atiné gampang pêpês lan nglokro.
Bédå karo wóng kang wicaksana uripé mêsthi måwå tékad lan tujuwan. Bêbasan tiba kapíng pitu gumrêgah tangi kapíng wólu ngrungkêbi tékad lan tujuwané.
Pitudúh : # 209
Anggêr wóng wís mêsthi suthík diarani cupêt nalaré, cilík atèn, lan kêndho tékadé. Mulané yèn darbé karêp åjå mundúr mêrgå lupút sêpisan pindho baé, prayogå ambalånå manèh nganti katêkaníng sêdyå.
Samubarang pêgawéyan mênåwå kók têmêni wiwít saiki mêsthi bakal bisa ngundhúh bagéyan lan kauntungan.
Åpå kang kók sêdyå bakal tumêkå, pituwasé lagi kêtêmu mburi.
Pitudúh : # 210
Sarupané pakaryan kang wís kók yakini bêcikíng asilé tumuli énggala katindakna, åjå ngêntèni liyå wêktu.
Jêr kêkêncêngan sartå kêkarêpan iku yèn diêndhé-êndhé ora mundhak kuwaté.
Nangíng malah mundhak ringkíh lan biså ugå ilang dayané.
Sipat sênêng ngêndhé-êndhé iku mujúdaké dalan kang anjóg marang watak ora antêpan lan kêsèd, sungkan ing gawé síng tundhóné dadi tanpå aji uríp ing bêbrayan.
Pitudúh : # 211
Wóng kang sinêbút bêrbudi uríp ing bêbrayan iku ora múng wóng kang rumångså kasíkså nyumurupi sapêpadhané síng nandhang påpå, nangíng wóng kang gampang runtúh wêlasé kang tinumbalan runtuhíng barang darbèké lan dêduwèné kanggo têtulúng marang wóng síng kacingkrangan lan kasangsaran.
Nangíng kang kåyå ngono mau pancèn angèl golèk-golèkané.
Tåndhå yêktiné ing alam donyå iki ora sêthithík wóng síng mati margå kuwarêgên, lan akèh wóng síng mati marga kalirên.
Pitudúh : # 212
Wóng mono åjå múng tumandang anggêr barès nangíng kanthi laku kang ora bèrès. Dibiså tansah milah-milahaké êndi síng kêncêng lan êndi síng nalisír såkå paugêran, sartå kulinakna nyirík marang pênggawé musyrík, sinúng marang watak tulús lan ngukuhi kajujuran.
Kawruhana, mênåwå ora ånå pusåkå kang ampuhé ngluwihi kajujuraning ati lan wêningíng pikír kang sêpi ing pamríh.
Pamrihé múng sawiji, yåiku mangan karahayóning bêbrayan, ngluhúraké kamulyaning bangsa lan nagara.
Pitudúh : # 213
Pangråså, pikiran lan kêkarêpan iku tansah mbudidaya rêbut unggúl lan rêbút panguwåså anggóné murbå sapari polahé manungså.
Pangråså êmóh diungkuli pikiran.
Pikiran sêmono ugå suwaliké.
Wóndéné kang móncól dhéwé sumêdyå mbalap ora gêlêm dipêkak yaiku kêkarêpan.
Mulå wajibíng manungsa kudu biså ngukuhi sifat manungsané.
Dèn sranani kanthi nanjakaké uripé mèlu ngrasakaké lan mêmikír marang ombak umbulíng jaman.
Tumandang ing gawé ngêsthi marang rahayuníng bêbrayan munggahé marang ajuníng jaman.
Pitudúh : # 214
Sêlawasé uríp nglêngkårå wóng biså uwal babar pisan såkå panggodha, jêr panggodhå iku sumbêré ora liya yå såkå awaké dhéwé.
Asalé tumuwúh såkå uwóhíng pikír kang ngayåwårå, banjúr katarík marang kêkarêpan ålå kang wusanané mbabaraké pakarti nisthå.
Såpå kang wiwitané énggal tumandang nanggulangi panggodhå, bakal mundhak kasampurnané lan patut sinêbút wóng kang santoså ing budi.
Balík kang såpå tansah ngujå panggoda sêmåyå nanggulangi, kêkuwatan batiné såyå lungkrah, bakalé bubrah dadi lêlêthêging jagad.
Pitudúh : # 215
Wóng nandúr pari iku bakal ngundhúh pari, ora bakal ngundhúh jagúng utawa kacang.
Sêmono ugå pikiraníng manungså, ora bédå karo mau.
Yèn pikiran kita tansah kitå kulinakaké lan kitå pigunakaké kang bêcík-bêcík yå bakal nduwèni dåyå kêkuwatan kang bêcík, satêmah biså awèh pakaryan kang pêngaji tumraping bêbrayan.
Mulå katimbang nggagas kang ora-ora lan ngayawara, prayogané nggagaså marang laku utåmå lan múlyå.
Lan luwíh utama manèh mênåwå gagasan kang mangkono mau diwêdharaké dadi pakarti pisan.
Pitudúh : # 216
Råså was sumêlang iku nêrakané wóng síng arêp nggayúh kêmajuan.
Såpå kang wís kêtaman råså iki salawasé ora bakal biså maju.
Ing sabarang tandang tanduké sarwå tidhå-tidhå lan tansah awang-awangên ngadhêpi kangèlan kang bakal mêmalangi laku.
Kósókbaliné tékad iku rasa cíptaníng karså kang wís gêmblèng.
Dadi yèn ånå kêpénak lan orané bakal didhadhagi lan ditêrjang wani.
Kang pinandêng múng bakal têkaning sêdyå.
Nangíng tékad mono bédå bangét karo nékad, jêr nékad kuwi uwóhíng pakarti kang tuwúh såkå kajudhêganíng nalar síng tundhóné kêconggah tumindak nistha, mêrgå kóncadan pêpadhang.
Pitudúh : # 217
Abótíng abót iku ora kåyå yèn kudu nuruti préntah lan pitutúr.
Pait lan ngrêkåså dikåyå ngåpå préntah lan pitutúr iku prayogå lakónånå baé.
lng suwaliké barang pait mau, kowé mêsthi bakal nêmu barang lêgi síng ora klêbu ing pêtunganmu.
Pancèn luwíh prayogå paité dhisík, tinimbang lêginé.
Awít bisané kowé ngrasakaké lêgi iku rak margå kowé wís ngrasakaké pait.
Biså níkmati kabungahan margå wís naté ngalami nandhang kasusahan.
Pitudúh : # 218
Wóng kang múng dhêmên cêlathu lan muni-muni, mangkå ora gêlêm tumandang gawé, gênah ora sumurúp marang kaluputané cêlatuné, sabab cêlathu mono múng obahíng ati kang ånå ing lati, dudu obahing tangan síng kanggo tumandang.
Nangíng yèn wís tumandang gawé dhéwé, cêthå bakal mêruhi marang luputíng cêlathuné.
Mulå saibå bêgjané wóng kang biså cêlathu klawan énggal-énggal tumandang gawé dhéwé.


silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More