Kamis, 21 Januari 2010

Pênanggalan Suryåsêngkålå (Båså Jåwå)

Wiwitané pênanggalan Jåwå ånå sing anút lakuné srêngéngé (Pênanggalan Såkå) lan ånå síng anút lakuníng rêmbulan.
Loro-loroné pådhå dianggo déníng masyarakat Jåwå.
Banjúr kalêbón pênanggalan Hijriyah (Arab) síng ugå digunakaké déníng masyarakat Jåwå muslím.
Mulå déníng Kanjêng Súltan Agúng banjúr disawijèkaké muríh rukún.
Síng rêsmi banjúr pênanggalan síng anút lakuníng rêmbulan.
Déné pênanggalan síng anút lakuníng srêngéngé sêtêngah dilalèkaké.
Nangíng gandhèng pênanggalan síng anút lakuníng srêngéngé dadi pandómíng masyarakat kanggo ngêrtèni mångså (musím / kahanan iklím) mulå yå têtêp lêstari dianggo déníng warganíng masyarakat.
Pangêrtèné mångså mono bédå karo sasi ing pênanggalan síng anút lakuníng rêmbulan.
Umuré mångså béda-béda.
Sêtahún umuré 365 dinå yèn tibå taún Wastu (cêndhak), lan 366 yèn tibå taún Wuntu (dåwå).
Déné síng dianggo dhasar yaiku prênahé srêngéngé.
Ing wêktu sêtahún. srêngéngé mapan pênêr garís Khatulistiwa kapíng pindho yaiku ing tanggal 21 Marêt lan tanggal 23 Sèptèmbêr.
Nalikå tanggal 2 Juni, srêngéngé pantóg lór déné pantóg kidulé ing tanggal 21 Désèmbêr.
Krånå nusa Jåwå mapan ing sisíh kidulé garís Katulistiwa, mulå prênahé srêngéngé sabên sêtahuné luwíh akèh síng ånå sisíh lór katimbang kidúl.
Jumbúh karo owah-owahan prênahé srêngéngé ing dalêm sêtahún iku síng dianggo dhasar nêmtókaké umuré mångså.
Pratélané mangkéné:
1. Mångså Kaså (1) = Karttikå,
umuré ing taún Wastu : 41 dinå, taún Wuntu : 41 dinå.
Candrané Sêsotyå murcå ing êmbanan.
Mangsané gêgódhóngan pådhå gógróg, kayu-kayu pådhå pruthíl.
Wiwitané mångså kêtigå (kêmarau).
2. Mångså Karo (2) = Puså,
umuré ing taún Wastu : 23 dinå, taún Wuntu : 23 dinå.
Candrané : Bantålå rêngkå.
Mangsané lêmah lêmah nêlå (bênthèt).
Sajroné mångså kêtigå.
3. Mångså Katêlu (3) = Manggasri,
umuré ing taún Wastu : 24 dinå, taún Wuntu: 24 dinå.
Candrané : Sutå manut ing båpå.
Mangsané wít lung-lungan nurút lanjaran.
Wêkasané mångså kêtigå.
4. Mångså Kapat (4) = Citrå,
umuré ing taún Wastu : 25 dinå, taún Wuntu : 25 dinå.
Candrané : Waspå kumêmbêng jroníng kalbu.
Mangsané sumbêr pêpêt, wiwít ånå udan nangíng durúng akèh,
sawènèhíng wit-witan pådhå sêmi, wóh randhu pådhå garíng kapuké
mabúl, pålåwijå pådhå tuwå, manúk Glathík nêbå ing têgalan.
5. Mångså Kalimå (5) = Månggåkålå,
umuré ing taún Wastu :27 dinå, taún Wuntu: 27 dinå.
Candrané: Pancuran mas sumawúr ing jagad.
Mangsané akèh udan, akèh larón mêtu såkå lèngé, thukulé jamúr têrík,
lêmpuyang sartå kunci mêtu bungé.
Manúk Sriguntíng (Jathithót) pådhå muni sadurungé srêngéngé mlêthèk.
6. Mångså Kanêm (6) = Nåyå,
umuré ing taún Wastu : 43 dinå, taún Wuntu :43 dinå.
Candrané : Råså mulya kasuciyan.
Mangsané wóh-wóhan nêdhêng matêng.
Wanciné nyêbar winíh, ungsúm udan dêrês lan êmbún upas.
7. Mångså Kapitu (7) = Palgunå,
umuré ing taún Wastu : 43 dinå, taún Wuntu :43 dinå.
Candrané : Wiså kéntír ing marutå.
Mangsané akèh lêlårå, wanciné ndhaút lan nandúr pari.
8. Mångså Kawolu (8) = Wisåkå,
umuré ing taún Wastu : 26 dinå, taún Wuntu : 27 dinå.
Candrané: Anjrah jroníng kayún.
Mangsané kucíng gandhík (kawín), ungsúm banjír, glagah pådhå
kêmbang.
9. Mångså Kasångå (9) = Jitå,
umuré ing taún Wastu : 25 dinå, taún Wuntu : 25 dinå.
Candrané: Wêdharíng wacånå mulyå.
Mangsané Gangsír ngénthír lan Garèngpúng muni, banjír wêkasan,
kêmbang glagah rêntah.
10. Mångså Kasapulúh (10) = Srawånå,
umuré ing taún Wastu : 24 dinå, ing taún Wuntu :24 dinå.
Candrané : Gêdhóng minêb jroníng kalbu.
Mangsané kéwan pådhå mêtêng, wiwít panèn génjah.
11. Mångså Dhastå (11) = Pådråwånå,
umuré ing taún Wastu :23 dinå, taún Wuntu : 23 dinå.
Candrané: Sêsotyå sinåråwèdi.
Mangsané manúk pådhå nglólóh anaké, wanci panèn génjah, wóh
randhu pådhå mlêthèk sigar.
12. Mångså Såddhå (12) = Asuji,
umuré ing taún Wastu : 41 dinå, taún Wuntu :41 dinå.
Candrané : Tirtå sah sakíng sasånå.
Mangsané bêdhidhíng adhêm saénggå arang wóng kringêtên.
Wanciné nandúr kêdhêlé, jarak, kapas, lan wiwít nggarap têgal kanggo
nandúr jagúng.
Pênanggalan Suryåsangkålå diuripaké manèh ing tahún Masèhi 1855.
Wiwité mångså Kåså (1) tiba tanggal 22 Juni 1855 Masèhi, nganti pungkasané måså Sådhå (12) tibå tanggal 20 Juni 1856 Masèhi.
Ånå ing pênanggalan Suryåsangkålå taún Wuntu (dåwå) ditêmtókaké sabên 4 taún sêpisan.
Pangêtungé mênåwå angkané taún dipårå 4 kêtêmu pas, tibå taún Wuntu (dåwå).
Déné supåyå pétungan taun Suryåsangkålå mau lêstari cócóg karo lakuné srêngéngé, katêmtókaké sabên 400 tahún sêpisan.
Tauné Wuntu dibuang 3.
Déné mbuwangé mênåwå angkané taún tiba atusan sing dudu kêlipatané 400.
Síng pênêr kêlipatané 400 ora ånå taún Wuntuné síng dibuwang.
Ing pênanggalan Suryåsangkålå iki, Jåwå katón “pintêr” manèh.
Yaiku nglêbókaké Pawukón lan Wêtónan ing étungan pênanggalan kang anút lakuné bumi ngubêngi srêngéngé.
Contoné wís kasêbút ing tulisané P.J. Zoetmulder.
Mulané sênajan dianggêp pênanggalan Suryåsangkålå lan Cåndråsangkålå iku nurún utawa njiplak såkå India lan Arab, kanyatané malah bisa diarani luwíh “pintêr”.
Biså ugå, malah sêjatiné síng dijumbúhaké iku pênanggalan Såkå lan Hijriyah.
Jalaran dianggêp isíh mêntah mênåwå dianggo kêpêntingan Jåwå.
Têgêsé, pênanggalan Såkå lan Hijriyah amúng mligi nêmtókaké wêktu.
Ora kênå kanggo mangêrtèni kahanan alam lan pêngaruhé marang uripé manungså uríp.
Jåwå pancèné luwíh unggúl ånå ing pangêrtèn sêsambungané jagad gêdhé (alam sêmêsta) lan jagad cilík (manungså).
Têgêsé, kanyatané Jåwå luwíh nduwèni kêsadaran kósmís katimbang liyané.
Kêsadaran kósmís pancadané kêsadaran réligius utåwå kêbêr-Tuhan-an.






silahkan anda Copy paste artikel diatas tapi kalau anda tidak keberatan cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini. terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN BERI KOMENTAR TERBAIK ANDA SETELAH MEMBACA ARTIKEL DIATAS
DAN JUGA ANDA AKAN MENDAPATKAN BACKLINK OTOMATIS

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More